Tuladha Pranatacara adicara
wonten ing adicara pangaosan / acara islami
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
” Alkhamdulillahirobbil ‘Alamin
Wassholatu wassalamu ‘Ala Sayyidina Muhammadin, Wa’ala alihi wa
Ashkhabihi ajma’in….. ( Bisa ditambahkan hadits atau salah satu surat
Al-Qur’an yang mengandung tema dari peringatan yang sedang berlangsung
)…………Amma Ba’du..”
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten Rakhimakumullah;
Para pangemban pangembating praja
tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang
sinuba ing pakurmatan, Para alim para ulama, tuwin para kyai ingkang
lebda ing pamawas ingkang tansah tinulad dening para ummat, linangkung
dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan
memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu mau’idhaha
khasanahipun , ingkang dipun mulyaaken Allah, bapak – bapak tamu
undangan saha para ibu sumrambah sedherek sedaya kaum muslimin lan
muslimat Rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula
dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng
ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih
kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya
dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman
lan Islam, pramila sedaya kenikmatan punika satuhu pantes kita syukuri
sesarengan bikalimatit tahmid …. Alkahndulillahirobbil ‘Alamin.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna
dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para garwa saha
putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing
yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun…Amin..amin ya
Robbal ‘Alamin…
Para Bapak, para ibu kaum muslimin
lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka
jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara
Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula
cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis,
kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun,
keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara
Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha
rinantam deneng para rencang - rencang panitya , ingkang kirang
langkung rinantam mekaten :
- Adicara angka sepisan Pambuka
- Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
- Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati punapa dene prakata panitia, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
- Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
- Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening Almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
- Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan sakmangke bade katutup kanthi waosan do’a, ingkang kasuwun saking panjenenganipun ……………. ( Sebut nama besar / lengkap dan status keagamaanya, jabatan, )
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin
lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi
laksana adicara Pengaosan ………….. ing enjang / siang / sonten / ndalu
punika. Mugi kemawon adicara ingkang sampun karantam menika saget
lumampah kanti rancag winantu barokahipun Gusti Allah SWT. Awit saking
menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika
tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga
kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ummul kitab sesarengan.
Kanthi mboten ngirangi atur
pakurmatan kula dhumateng para kyai para alim ulama, saha para
kasepuhan, sumangga waosan ummul kita wiwiti, kanthi patrap ingkang
sampurna, sumanga, waosan kulo dhere’aken,
Liridhoita’ala Walisafa’ati Rosulillah, wa ‘ala niatin sholihah, saeu Lillahumul Fatihah….
***** ( Bacaan Surat Al-Fatihah bersama )*****
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka
kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening
sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah
mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah
jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun
aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal
kasumanggaaken.
*****( Waosan Ayat Suci Al-Qur’an )*****
Paripurna waosan ayat-ayat suci
ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau
manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumugi sak
lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan
kala wau mugya pikantuk ganjaran ingkang matikel – tikel saking
ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga,
atur pambagyaharja punapa dene prakata panitya. Dhumateng sederek /
Bapak …… wekdal kasumanggaaken.
*****( Sambutan Panitiya / Pambagyaharja )*****
Mekaten menggah atur pambagyaharja
sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang
angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
bapak/ibu………… (Pejabat pemerintah yang hadir / atau tokoh masyarakat yang menjadi sesepuh warga ). Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
*****( Sambutan – Sambutan )*****
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum
muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan
sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara
salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari
lan wigatosing pepanggihan menika.
Anamung sakderengipun, midherek
atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis
kinarya paring wekdal dhateng para kanca-kanca panitya wingking
ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh
ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk
sarta dhahar nyami’an sa’wontenipun kangge jampi salit sa’wetawis kanthi
mardu merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken
sawetawis.
*****( Istirohat / sumunu sa’wetawis kangge ngedalaken pasugatan / snack, menawi wonten seni hiburan saget pun isi sekar-sekar sholawat, menawi mboten wonten cekap ngangge pita swara / kaset )*****
Jamaah pengaosan rakhimakumullah,
kanthi niat ngemani wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya
anglajengaken adicara candhakipun.
Salajengipun wedharing wursita aji
saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring
pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu
punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.
***** ( Inti Pangaosan )*****
Ngaturaken sanget agunging panuwun
dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal
luhur dhateng para jamaah ing enjang/siang/sonten/ndalu menika. Saestu
sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap
kita ingkang rawuh saha ingkang sama midhangetaken wedharing pengaosan
kanembe, mugiya dados dedamar miwah paugeraning kula lang jama’ah sedaya
anggenipun gesang wonten ing alam ndunya, dumugiya gesang wonten ing
alam akhirat sakmangke, Amin,,,amin..Ya Robbal ‘Alamin.
Para bapak, para ibu sarta sedherek
sedaya Rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani
bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun
paripurna, minangka pratandha panutuping adicara siang/sonten/ndalu
punika, adicara bade katutup kanthi waosan do’a ingkang kasuwun sangking
panjenenganipun bapa kyai……………. … Anamung saderengipun waosan do’a
kawiwitan kepareng , kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara,
mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk
ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun
gunging samodra pangaksami, ing wasana sapari purnaning do’a panutup,
hamung ngaturaken sugeng kondur mugi rahayu ingkang samya pinanggih,
.nuwun
Sa’meniko wanci katur dhumateng panjenenganipun bapa kyai…………..
Sangking kula cekap semanten, billahi taufiq wal Hidayah
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
Dhumateng bapa kyai…kasumanggakaken….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar