Keris
Caranipun Ngagem Keris ( Dhuwung )
Ingkang Sampun Dipun Temtokaken Kangge Busana Resmi
1. Ogleng / Ngoglengaken keris
Panganggening keris wonten sela –
sela sabuk, sap kalih / tiga saking nginggil, keris dhoyong manengan,
ukiran lan warangkanipun madhep manginggil, ginanipun kangge kaperluan
biasa, temanten, mantu, tamu lan sapanunggalanipun ( salebeting swasana
bingah ).
2. Dederan / Andhoran
Pangageming keris wonten sela- selaning
sabuk, sap kalih / tiga saking nginggil, keris jejeg, ukiran lan
warangkanipun madhep mangiwa, ginanipun kangge ngadhep sesepuh /
nginggilan, waonten ing papan-papan ibadah, panggenan ingkang dipun
anggep suci, ateges ingkang ngagem punika ngurmati dhumateng ingkang
dipun adhepi.
3. Kewal / Angewal pusaka ( keris )
Pangageming keris wonten sela-selaning
sabuk, sap kalih/tiga saking nginggil, keris madhep mengiwa, ukiran lan
warangkanipun madhep mangandhap, ginanipun kangge prajurit wekdal siap
siyaga, mboten dipun parengaken menawi kangge baris.
4. Sungkeman / Anyungkemaken pusaka ( keris )
Pangageming keris wonten sela-selanipun
sabuk ingkang tumpukanipun wonten nginggil epek, warangka mepet garis
tumpukan sabuk, gandar nginggil mboten ketingal, ukiran lan
warangkanipun madhep mangisor/ mangandhap dhoyong manengen, ginanipun
kangge ngeteraken jenazah ( kesripahan )
5. Angga / Angagar Pusaka ( keris )
Pangageming keris mboten wonten
sela-selaning sabuk ananging ageman epek sisih kiwa dipun tambah
gantungan wadhah pusaka/keris, keris mlebet wonten wadah katingal
ngadeg jejeg ing tengahing pupu kiwa, ginanipun wekdal rumiyin punika
namun kangge pangarsaning baris.
6. Sikep / Anyikep keris
Pangageming keris mboten wonten
sela-selaning sabuk wingking, nanging wonten ngajeng sanginggiling
ageman timang sakedhik mangiwa, keris dhoyong manengen, ukiran lan
warangkanipun madhep mangandhap, ginanipun kangge para ulama ingkang
ngagem jubah.
7. Brongsong/Ambrongsong keris
Pangageming keris kados sikep/anyikep
keris, namung keris ingkang dipun bekto punika kedah dipun bungkus
rapet mboten katingal, ginanipun para utusan ingkang dipun pitados
ngasta pusakanipun para ratu, ingkang ateges kedah dipun jagi lan
sampun ngantos tiyang sanes mangertosi isinipun.
- Link Kaweruh Bab Keris wonten ing wikipedia, ensiklopedia bebas :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar