Carios
Nyai Ageng Bagelen
Nderek carios legendaries Nyai Ageng Bagelen punika
cikal bakalipun tiyang-tiyang trah Bagelen, Nyai Ageng Bagelen punika
sajatosipun asma aslinipun Rara Wetan, piyambakipun satunggaling Kenya ingkang
sulistya ing warni, wasis nenun, remen ulah tetanen sarta remen nglampahi tapa
brata, piyambakipun putranipun salah satunggaling tokoh kondang ing kukuban
Bagelen ingkang asma Jaka Panuntun.
Kacarios Jaka Panuntun punika putranipun Raden
Panularan salah satunggaling jagal lan ahli nderes nira, Raden Panularan
putranipun Prabu Kandihawa saking negari Karipan, dene Prabu Kandihawa punika
putranipun Prabu Daniswara saking Negari Medhangkamulan, dados Rara Wetan
makaten sejatosipun pancen taksih tedhak turunipun ngaluhur.
Kathah jejaka ingkang sami kayungyun dhateng
kasulistyanin Rara Wetan, lan kepengin mengku, Tumenggung Wingko salah
satunggaling panguwaos ing kukuban Wingko kepranan sanget dhateng sang Rara,
pramila lajeng utusan supados nglamar, namung panglamaripun katampik dening ingkang
rama Jaka Panuntun kanthi pawadan bilih Rara Wetan dereng remen emah-emah,
Tumenggung Wingko boten narimahaken pramila kanthi dhedemitan Rara Wetan lajeng
kadhusta kabekta dhateng Wingko.
Sinareng prikso bilih Rara Wetan kadhusta, Jaka
Panuntun tumunten mbujeng Tumenggung Wingko sainggo dados pancakara, ing
salebetipun pancakara wau Jaka Panuntun kasoran, kuwandanipun kontal lan
kantaka, kakinten Jaka Panuntun sampun tiwas, mila lajeng kabucal ing lepen
lereng ingkang rikala semanten pinuju bena, kuwanda keli katut ilining toya.
Jaka Awu-awu Langit kaliyan Adipati Kayumunthu
wekdal samanten nitih baita saking arah kidul, pirsa wonten kuwandha keli
lajeng enggal-enggal paring pitulungan, ing wusana kuwandanipun Jaka Panuntun
saged waluyajati, Jaka Panuntun lajeng nyariosaken sedaya lelampahanipun
dhateng Jaka Awu-awu langit saha Adipati Kayumunthu.
Mireng carios punika, Jaka Awu-awu Langit lajeng
kagungan ada-ada badhe nglurug dhateng Tumenggung Wingko ingkang murang tata.
Kacarios Tumenggung Wingko punika pancen sakalangkung sekti, mila panglurugipun
Jaka Awu-awu Langit boten sawantah, nanging mawi siasat, ethok-ethokipun
ngajak-ajak aben sawung, ing babak kapisan dereng katingal menang kawonipun,
sawungipun Jaka Awu-awu Langit punika jalunipun sakalangkung landhep, kacarios
landheping jalu wau nepak ing sela ingkang kapancal, sela kasepat sapunika
kasimpen wonten ing salebeting desa Awu-awu, sasampunipun lerem sawatawis,
lajeng kawiwitan babak kaping kalih, ing babak punika swasana tetandhingan
katingal sangsaya rame, ingkang sami ningali rintip tepung mubeng, rikala
pinuju gayeng-gayenging kawontenen wau, Jaka Awu-awu Langit nyerang dadakan
dhateng tumenggung Wingko, wusana Tumenggung Wingko manggih tiwas, jalaran sami
mboten sumadiya para balanipun inggih sampun boten saget lumawan, Rara Wetan
lajeng kapendhet dening Jaka Awu-awu Langit tumunten kakonduraken dhateng
Bagelen.
Jaka Panuntun rumaos kapotangan budi dhateng Jaka
Awu-awu Langit, pramila Rara Wetan lajeng kapalakramakaken kaliyan Jaka Awu-awu
Langit kekalihipun sami gesang atut-runtut, sih-sinisihan, sasampunipun
palakrami, Rara Wetan lajeng langkung kondhang mawi sebatan Nyai Ageng Bagelen.
Bebrayanipun nem-neman kekalih wau gesangipun
katingal bagya mulya, saya sasampunipun kaparingan putra cacah 3, ingkang
pambayun miyos kakung kaparingan nama Bagus Gentho, ingkang panggulu putrid
kaparingan tenger Rara Pitrah, lan ingkang waruju ugi putrid kaparingan nama
Rara Taker.
Kacariyos Nyai Ageng Bagelen punika prembayunipun (
payudara ) panjang, manawi pinuju nenun asring kasampiraken mewingking, papatan
manawi putranipun badhe nyesep, namung sami ngenyot prembayunipun ingkang ibu
saking wingking, pinuju taksih nyrempeng-nyrempengipun nenun, prembayunipun
Nyai Ageng Bagelen kaemot pedhet cemeng ingah-ingahipun Bagus Gentho saking
wingking, rumaosipun Nyai Ageng ingkang nyesep punika putranipun, pramila dipun
kendelaken kemawon, nanging danguning dangu kok kraosbenten, tumunten dipun
toleh, saiba kejotipun bilih priksa manawi ingkang nyesep wiwit wau punika
pedhet cemeng, pedhet tumunten dipun penthungi ngantos pejah.
Jarwan Mardika saking
Buku Nyai Ageng Bagelen
Radix Penadi
Cerita
tentang Nyai Ageng Bagelen
Cerita Legenda tentang Nyai Ageng Bagelen adalah
cikal bakal orang-orang / masyarakat Bagelen yang terletak di kabupaten
Purworejo Jawa Tengah, Nyai Ageng Bagelen mempunyai nama asli Rara Wetan, dia
adalah putri yang cantik jelita, pintar di bidan kerajinan tenun, suka bertani,
dan suka bersemedi atau tapa brata, dia merupakan putri dari salah satu toko
yang sangat terkenal di kukuban Bagelen yaitu Jaka Panuntun.
Diceritakan Jaka Panuntun adalah Putra dari Raden
Panularan salah satu jagal dan ahli deres / mengambil sari dari buah nira,
Raden Panularan putra Prabu Kandhidawa dari Negara Karipan, sedang Prabu
Kandhidawa adalah Putra Prabu Daniswara dari Negara Medhangkamulan, jadi Rara
Wetan adalah memang masih keturunan dari trah Kerajaan yang dihormati.
Banyak para pemuda yang kasmaran kepada
kecantikan Nyai Ageng Bagelen atau Rara Wetan, dan ingin mempersuntingya,
Tumenggung Wingko adalah salah satu penguasa di daerah Wingko juga tertarik
untuk mempersuntingnya, maka beliau mengutus utusan untuk melamarnya, akan
tetapi lamaran Tumenggun Wingko ditolak oleh Ayahnya Rara Wetan yaitu Jaka
Panuntun dengan alasan Rara wetan belum siap untuk berumah tangga, Tumenggung
Wingko tidak terima dengan penolakan tersebut, sehingga dengan diam-diam
menculik Rara Wetan untuk dibawa ke Wingko.
Begitu tau Rara Wetan diculik, Jaka Panuntun lalu
menuduh Tumenggung Wingko sehingga terjadi peprangan, dalam perang tanding Jaka
Panuntun melawan Tumenggung Wingko, Jaka Panuntun mengalami kekalahan, tubuhnya
terlempar dan tak sadarkan diri, dikira Jaka Panuntun sudah tewas, lalu dibuang
ke sungai yang dahulu menuju ke sebuah telaga, tubuh Jaka Panuntun
terbawa arus sungai ikut aliran air.
Jaka Awu-awu Langit dan Adipat Kayumunthu saat
itu dengan menggunakan sampan dari arah selatan, melihat ada sesosok tubuh
hanyut lalu dengan segera memberikan pertolongan, dan selanjutnya tubuh Jaka
Panuntun di angkat ke sampan dan di beri pengobatan sehingga bisa tertolong.
Jaka Panuntun lalu menceritakan semua kejadian
tersebut kepada Jaka Awu-awu Langit dan Adipati Kayumunthu, mendengar cerita
dari Jaka Panuntun, Jaka Awu-awu Langit lalu mempunyai sebuah siasat untuk
membunuh Tumenggung Wingko yang sudah menerjang aturan, diceritakan Tumenggung
Wingko memang sakti mandraguna, sehingga Jaka Awu-awu Langit perlu siasat untuk
menghabisinya yaitu dengan berpura-pura mengajak sabung ayam.
Di babak pertama belum terlihat siapa yang menang
dan siapa yang kalah, ayam Jaka Awu-awu Langit mempunyai jalu yang cukup tajam,
diceritakan tajamnya jalu ayam Jaka Awu -awu Langit mampu membelah batu yang di
hantamnya, batu tersebut sekarang tersimpan di dalam masjid di Desa Awu-awu,
sesudah istirahat pertama selesai, sabung ayam kembali di lanjutkan, di babak
kedua suasana sabung ayam tersebut bertambah ramai oleh sorak sorai para warga
dan punggawa yang memenuhi arena sabung ayam tersebut, dan saat - saat puncak
keramaian tersebut, Jaka Awu-awu Langit menyerang Tumenggung Wingko dengan
tiba-tiba, sehingga tanpa perlawanan yang berarti tumenggung Wingko tewas di
arena sabung ayam tersebut, dan punggawa yang lain begitu melihat Tumenggung
wingko tewas meraka tidak mampu untuk memberikan perlawanan karena memang tiada
persiapan.
Rara Wetan lalu dikembalikan ke Bagelen ke
pangkuan Jaka Panuntun, Jaka Panuntun merasa berhutang budi kepada Jaka Awu-awu
Langit, lalu Rara Wetan di nikahkan dengan Jaka Awu-aw Langit, keduanya hidup
berdampingan dalam kebahagiaan rumah tangga, dan diberikan tiga orang putra,
yang pertama putra di beri nama Bagus Gentho, yang kedua putri di beri nama
Rara Pitrah, dan yang terakhir juga putri di beri nama Rara Taker.
Dalam ceritanya Nyai Ageng Bagelen mempunyai
payudara panjang, waktu Nyai Ageng sedang bekerja ( menenun ) payudaranya di
hisap oleh anak sapi ( pedhet ) piaraan Bagus Gentho dari belakang, perasaan
Nyai Ageng yang menghisap adalah salah satu dari puteranya maka dibiarkan saja,
akan tetapi lama kelamaan di rasa oleh Nyai Ageng tidak seperti biasanya, maka
Nyai Ageng menoleh kebelakang, dan terkejut bukan kepalang Nyai Ageng ternyata
yang menete ternyata adalah pedhet ( anak sapi ), akhirnya karena saking
marahnya, pedhet tersebut di pukulinya sampai mati.
Jarwan Mardika dari
Buku Nyai Ageng Bagelen
Radix Penadi